Minggu, 30 Maret 2014

SYI'IR TONDO-TONDO KIAMAT*), Oleh KH Misbah Mustofa Bangilan Tuban







صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَـى احْمَدَ     #وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ

Mawi berkah asma Alloh ingkang Rohman
Ingkang Rohim welas murah kanugrahan
Kulo ngaturake syi’ir tondo-tondo
Kiamate bumi ajur tanpo kondho

Sampun kathah ingkang wujud kanti nyoto
Songko iku ayo podho toto-toto
Andan-dani laku salah benerake
Lakunono printah Alloh cukupake

Opo bener seliramu podho iman
Bagus olo saking Alloh temenanan
Mergaweyo kanggu syukur lan ibadah
Ojo ngongso luru duwit mundhak salah

Kabeh rizki wus dicitak kang kuwoso
Luwih kurang sangking pestin ora biso
Mumpung durung kasep getun susah maneh
Bakal ono kedadian aneh-aneh

Kaprah gabus podo ngambang ing banyune
Watu item kelem iku sak mestine
Nanging bakal ono gabus podho kelem
Watu item di kon gelem ora gelem

Ono bebek podho nglangi ing banyune
Nanging ngorong arep pedhot goro-ane
Polah rakyat koyo gabah diinteri
Wadon campur gawe lanang tanpo cirri

Endhok cecek podgo netes dadi macan
Anak macan dadi ulo dho kluyuran
Alas padhang arang-arang wongkang adang
Kumandhange bumi iki podho ilang

Putro-putri podho wani ing wong tuwo
Ora gubris tutur bener dadi tuwo
Akeh ’alim podho dodol agamane
Akeh wongkang dodol ilmu sak payune

Akeh gunung gingsir sangking panggonane
Akeh tanah ambles amblek ing bumine
Isi bumi podho metu dadi nglonthong
Bakal njeblos kono kene podho kobong

Wadon macak lanang nuli sebali-e
Adoh ibu bapak kulo imutake
Wiring ilang turut dalan koro hewan
Wongkang ora melu edan dak keduman

Bejo beji bejane wongkang dha’ eling
Dha’ ibadah moco Qur’an kang sumandhing
Luwih bejo wongkang kandel wedelane
Esok sore tansah eling pungkasane

Wongkang nyekel laku bagus agamane
Podho karo nggegem mowo ing tangane
esok mukmin sore kafir dadi kaprah
asal untung laku olo ora wegah

Ono ’alim dadi fasiq dha’ nggumuni
Wong ibadah bodoh ora ngrumangsani
Sanak adoh wongkang liyo dadi parek
Sebab duwit gotong royong dadi mblerek

Wong khianat dipercoyo bsebalike
Wongkang temen orang kanggo ing dewe-e
Bocah cilik munggah mimbar tanpo saru
Podho nyuling qur’an nganggep ora kliru

Wus do haji ‘alim pisan ngumpetake
Haqqe fakir miskin podho sak enake
Akeh udan salah mongso esok tandur
Sore panen nanging wengi podho kufur

Bakal ono luwe wedi podho nggrangsang
Dodol anak mangan ulo ora adang
Bejo beji bejane wongkang dho eling
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing

Luwih Bejo wongkang kandel wedalane
Esok sore tansah eling pungkasane

Bakal ono mongso niro kang setahun
Podho karo sa’ wulane ojo gumun
Sa’ wulane podho karo sa’ minggune
Sa’ minggune podho karo sedinane

Sedinane podho karo sa’ jam kenthung
Sa’ jam podho karo kawul kang diobong
Yen wus ngono wektu kanggo sholat niro
Ojo nganggo rino wengi kang wus cidro

Yen jam rolas inggal zhuhur najan bengi
Yen jam papat ’ashar najan esok tangi
Yen jam nenem mangrib najan iseh esok
Ugo isyak lakonono ojo ngantuk

Koyo ngono dawuh nabi kang pungkasan
Arep opo yen pengiran ngowah zaman
Wong sholeh dho kapundut akeh lidhu
Ahli Qur’an podho fasiq akeh padu

Esok loro awan mati mati ngaget
Tanpo loro ora wani dho cerewet
Ilmu Islam iki bakal dipunduti
Kanthi mundut wongkang ‘alim ngati-ati

Pungkasane wongkang bodoh ita itu
Aweh fatwa tanpo wedi luwung watu
Bejo beji bejane wongkang dho eling
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing
Luwih Bejo wongkang kandel wedalane
Esok sore tansah eling pungkasane

Bocah cilik dadi ratu lan wong asor
Oleh pangkat wongkang mulyo manggon ngisor
Pengimaman dipaesi koyo nganten
Akeh anak zino ngombe omben-omben

Ing masjine podho banter suwarane
Kitab qur’an emperih ilang kamulyane
Luru ilmu kanggo nggolek pangkat luhur
Ora kanggo noto awak biso syukur

Wongkang gedhe ora welas ing wong cilik
Wongkang bodoh podho kanggo ancik-ancik
Wong wadone wedi qiblate wong lanang
Dawuh ‘alim da’ diturut lan ditentang

Marang wongkang aris ora podho sungkan
Akeh wadon podho nyekel kuwasa-an
Akeh sanak pedhot akeh wadon gabuk
Akeh rojo pati perang lan pagebluk

Jalmo wadon tumpuk undhung tanpo aji
Wadon seket dirumati lanang siji
Islam iki bakal ngempreih wong monco
Arang kenal pituduhe najan konco

Duh Gusti ku najan ngaten naming mawon
Turun kulo paringono iman mathon
Beja beji bejane wongkang dho eling.
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing
Luwih becik wongkang kandel wedelane
Esok sore tansah eling pungkasane

Ojo dumeh wus dho sugih haji pisan
Dunyo gampang sirno hinggo ora mangan
Ojo dumeh wus dho ’alim lan dho pinter
Akeh bahe wongkang pinter dho keblinger

Ojo dumeh ing dunyane wus dho pangkat
Alloh biso nggawe pangkat dadi minggat
Oh, dulurlu ingkang jembel pagir ugo
Papan luhur isih mengo isih lego

Lebonono ojo podho cilik ati
Ayo tho’at ong pengiran klawan niti
Nggolek ilmu ojo ngawur yen ibadah
Marek ’alim kang dho ’amal, ojo wegah

Ing ngersane Alloh ora pandhang bolo
Sing sapane ta-at ora bakal malu
Bakal oleh pangkat luhur ra ngungkuli
Wongkang sogih ’alim pangkat kang dho lali

Iku kabeh tondo cilik bumi rusak
Kabeh perlu ngilingake ibu bapak
Yen mripate yen kupinge mbukti-ake
Keno opo ora podho nggate-ake

Bejo beji bejane wong dho eling
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing
Luwih bejo wongkang kandel wedelane
Esok sore tansah eling pungkasane



IMAM  MAHDI

Bakal ono tondo gedhe kang sepuluh
Ojo lali yen wus teko mundak kisruh
Bakal ono imam adil nguwasani
Dunyo iki ora wani dho medeni

Tentarane ulo klabang kolojengking
Semut jengklong malaikat dho sumandhing
Sopo mbangkang bakal mati tanpo pluru
Kabeh pluru podho ambles podho turu

Dudu nabi dudu rosul julukipun
IMAM MAHDI nisfu sya’ban lahiripun
Tahun hijrah ping rongatus seket limo
Itung dewe umuripun kang utomo

Bakal muncul sangking Makkah lan tersiar
Malem tanggal sepuluhe wulan besar
Tahunipun ora ono dho kang pirso
Nanging bakal ono tondo lan suworo

Akeh lindu bumi malik sa’ isine
Telung bengi geni gedhe ing wetane
Lintang kukus gedhe ono arah wetan
Tanggal enom ono gerohono bulan

Gerohono serngengene tanggal tengah
Wulan poso wongkang sholeh ora susah
Wakilipun wonten songo dho sumebar
Ing negoro kang sa’ dunyo tanpo bayar

Kabeh iku Waliyulloh ingkang agung
Kabeh sangking ‘ajam ugo podho njunjung
IMAM MAHDI  nguwasani peperangan
Hukum qur’an mlaku sarwo kekerasan

Pawa-ane gagah dhampak nanging sedheng
Ing pipine tengen ono andheng-andheng
Rupinipun memper karo kanjeng Rosul
Turun sangking sayyid Husen wayah Rosul

Bungah-bungah sebab ‘adil kang sumebar
Murah sandhang pangan hinggo ora bayar
Wong sodaqoh ora ono kang nampani
Kolojengking ulo ora mbebayani

Skeih kucing podho rukun karo tikus
Skeih macan ora wani nubruk wedus
Wongkang jirih dadi kendel, wongkang medhit
Dadi lumo ora podho ambethithit

Wongkang bodoh dadi pinter ati tentrem
Anteng trimo dho ’ibadah klawan ayem
Ilang kabeh ngombe arak laku zino
Drengki unek-unek kibir ora ono


DAJJAL

Ing sa’wuse bumi kebak wong ibadah
Alloh nguji opo iman ora brubah
Dajjal muncul ing kawitan koyo-koyo
Wongkang sholeh ngajak ta-at Dzat kang Mulyo

Akeh banget wongkang anut sarwo demen
Nuli ngaku Nabiyulloh goroh temen
Wiwit iku wongkang ngerti podho ngadu
Sebab kanjeng Rosul sampun nate dawuh

Ora ono Nabi maneh ing sa’wuse
Nabi kito Muhammadin selawase
Nuli DAJJAL ngaku dadi pangerane
Wong sa’ jagat printah nyembah ing deweke

Pawa-ane pendek kebak rambut kaku
Mripat siwer siji mondhol koyo duku
Tengah bathuk ono tulisane KAFIR
Sebab mukmin biso moco nuli mikir

Sa’ durunge DAJJAL muncul ono mongso
Tanpo udan tanpo panen telung warso
Sopo gelem biso mlebu suwargane
Kang digowo ngalor ngidul sa’ balane

Sandhang pangan tumpuk-tumpuk ora kurang
Ijon-ijon banyu buah lan rumangkang
Sa’ nyatane podho mlebu ing neroko
Ora kroso sebab tuman suka-suka

Songko iku ojo lali nasib iro
ng akhirat kanthi amal mundhak



_______________________________________________

*) Disalin kembali Cak-Emi